Kamis, 24 Oktober 2013

Contoh Atur Pambagya Pidato Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para pini sepuh , sesepuh ingkang kula bekteni ,
Para tamu kakung putri ingkang tuhu luhuring budi ,
Para kadang mudha ing bagya mulya.

Mugi kawilujengan , katentreman tansah kasarira ing panjenengan sadaya dalasan kula.
Bapa Sukadi ingkang winengku ing karahayon,
Sepisan kula ngaturaken pambagya wilujeng, awit panjenengan saha pambagyoning penganten kakung. Dene atur kula ingkang kalih, kula tampi salam kawilujengipun Bapa Susilo sekaliyan, ing mangke kula aturaken ingkang kawogan nampi. Ugi mboten katulampen salam kawilujengan Bapa Sumito sekaliyan ingkang linambaran donga pangestu mugi kaaturna dhumateng Bapa Susilo sekaliyan, sumarambah ing sadayanipun.

Salajengipun, anggen panjenengan masrahaken penganten kakung pun Bagus Thomas Andre Kurniawan sampun kula tampi kanthi bingahing manah, tumuli badhe kapanggihaken kaliyan pun Rara Isnar Yuaningsih, S.E. miturut satataning adap ingkang taksih lumampah.

Sru panyuwunipun Bapa Sumito sekaliyan panjenengan sadaya kasuwun ngestreni lampahing tatacara ngantos saparipurnanipun.

Makaten Bapa Sukadi anggen kula hampi pasrah panjenengan. Dene kula nglenggana wonten atur ingkang mboten nuju prana, kula nyuwun pangaksama.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 

1 komentar:

  1. MGM Resorts' new Las Vegas casino - DrmCD
    MGM Resorts 대전광역 출장안마 Resorts Ltd. 강원도 출장마사지 (NASDAQ:MGM), a company located 목포 출장샵 in Las Vegas, Nevada (NASDAQ:GMMI) (investing in 제천 출장안마 the development and operation of the 영주 출장안마

    BalasHapus